SMP Negeri 3 Turi - Sinau Basa Jawa
Selesaikan membaca materi & menonton video untuk membuka kuis tiap modul.
โ ๏ธ Ujian Akhir kagembok. Rampungne kuis ing 4 materi dhisik!
Geguritan yaiku puisi Jawa modern kang ora kaiket dening paugeran tartamtu kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Unsur Batin: Tema, Rasa, Nada, lan Amanat.
Unsur Fisik: Diksi, Majas, Rima, lan Tipografi.
1. Wicara: Pangucapan cetha lan bener.
2. Wirama: Irama munggah mudhune swara.
3. Wiraga: Obahing awak lan ekspresi pasuryan.
4. Wirasa: Penghayatan lan penjiwaan isi gurit.
Sesorah utawa pidhato yaiku micara ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan ngandharake gagasane utawa informasi ing sawijining acara.
1. Salam Pembuka: Nuwun, Assalamu'alaikum, sugeng enjang.
2. Purwaka Basa: Atur puji syukur lan atur panuwun.
3. Surasa Basa: Isi wigati/inti sesorah.
4. Wasana Basa: Dudutan lan atur nyuwun pangapura.
5. Salam Panutup: Nuwun utawa Wassalamu'alaikum.
Cerita Cekak (Cerkak) yaiku karangan fiksi prosa Jawa kang ceritane ringkes lan mung nduweni siji alur utama.
1. Orientasi: Pangenalan paraga lan latar.
2. Komplikasi: Tuwuhe konflik utawa masalah.
3. Resolusi: Cara ngrampungake masalah.
4. Koda: Pitutur utawa pesan moral cerita.
Tembang Dolanan yaiku tembang Jawa tradisional sing biasa dinyanyekake dening bocah-bocah nalika lagi dolanan bareng.
Basane prasaja, gampang diapalake, nggunakake cengkok lagu kang riang, lan ngandhut piwulang kebersamaan serta rasa syukur.
Ujian Evaluasi Akhir 10 Soal Pemahaman Materi Basa Jawa